Ing hotel cedhak Malioboro kene anggonku nginep. Karo kancaku cacahe lima, aku budhal telung dina kepungkur saka Bandung. Sanajan aku wong Yogya asli, ananging wis suwe banget aku ora mulih rene. Sakliyane ora ana sanak kadang, papan panggonan Bapak lan Ibu wis didol sawise setaun tilar donya. Dhuwit padolan kuwi mau banjur dakwenehake menyang panti asuhan. Kabeh amarga aku lan kakangku kepingin dhuwit sing ora sepiroa kuwi temanja lan paring kabecikan marang Bapak lan Ibu. Dene aku saiki duwe omah ing Bandung lan kakangku ing Jakarta.
Aku dadi eling jaman semana nalika isih mapan ing kene. Yogya kayadene lem sing bisa ngraketake sapa wae marang kabudayane. Kutha sing kaya-kaya bisa nyeluki sapa wae sing nate mara. Uga kutha sing bisa paring oleh-oleh rupa crita maneka werna sing ngangeni marang sapa wae sing teka.
Saka emper kamar, aku nyawang dalan ngisor. Esuk iki, pagaweyanku ing kene wis rampung. Kanca-kancaku wis padha dolan numpak andhong ing Kraton Ngayogyakarta ing sisih kidul kana. Awakku lagi ora kepingin dijak menyang ngendi-ngendi. Krasa lungkrah sawise rong dina mubeng-mubeng ngecek panggonan sing diduduhake saka kantor. Kamangka isih ana sisa sedina kanggo dolan. Ananging arep menyang ngendi. Wiwit cilik aku wis kulina lan apal panggonan kene iki.
Mbiyen, jaman isih SMA, aku asring numpak andhong dikancani Rudi lan Bani. Bocah loro kuwi sing ngancani aku menyang ngendi-ngendi. Aku malah nate mbolos karo bocah loro kuwi. Apese, malah konangan ibune Rudi sing mbiyen dodolan klambi ing Pasar Beringharjo. Anehe, aku lan bocah loro kuwi ora diseneni dening ibune Rudi. Malah dijajakake pecel ing pasar kono. Dheweke mung pesen supaya tumindakku kuwi mau ora dibaleni.
Ngomong babagan pecel, aku dadi kepingin metu, mlaku-mlaku ing sakidule Malioboro numpak andhong. Jajan pecel cedhak prapatan kono mesthi wae bisa dadi tamba kangen. Apa maneh yen kelingan panganan ing hotel, aku ora remen babar blas.
“Andhong, Mas.” Lagi wae metu saka hotel lan mlaku pirang puluh meter wis ana tukang andhong tawa-tawa.
“Mboten, Pak. Kepengin mlampah mawon,” wangsulanku karo mesem.
“Nggih mpun, mangga.”
Aku mlaku ing sisih etan dalan. Esuk iki iyup ora kaya padatan. Kaya-kaya udan wis arep teka. Udan sing dadi sandhangane Januari, wektu iki dadi barang sing dienteni.
Jangkahku tumuju ing kiose ibune Rudi mbiyen. Aku pangling amarga saiki samsaya rapet lan rame. Limolas taun dudu wektu sing sedhela. Mula, lumrah wae yen aku pangling. Sawise teka ing kios, aku banjur takon bocah enom wadon sing lagi nunggu. Dakkira kuwi rewange ibune Rudi. Masalahe, aku, Rudi, lan Bani wis suwe ora aweh kabar sasuwene nomere padha ganti.
“Ibune wonten, Mbak?” pitakonku.
“Ibu sinten, nggih, Mas?” dheweke ganti takon.
“Ibu...,” aku mikir sedhela. Ngeling-eling asmane ibune Rudi.
“Bu Martiyah.”
“Ngapunten, nggih, Mas. Menika kios kagunganipun Ibu Jamilah.”
Ana pawongan wadon sepuh metu saka njero. Ya kuwi Bu Jamilah sing duwe kios. Miturut critane, kios iki mau wis didol dening Bu Martiyah wiwit limang taun kepungkur amarga bangkrut. Kamangka, kepinginku mau, aku mara rene kepethuk ibune Rudi, banjur dolan menyang omahe sing gedhe magrong-magrong. Isih kelet ing pangeling-elingku, aku, Rudi, lan Bani padha dolanan ing kolam renang mburi omah sawise sekolah nganti lali wayah.
Aku banjur pamit. Daklanjutake olehku mlaku-mlaku. Ing wektu prei kaya ngene, Malioboro lan panggonan sacedhake pancen malih dadi segara manungsa. Isih cedhak pasar kene, sikil kepinginn leren. Kepingin ngicipi pecel kembang turi sing jejer-jejer ngebaki njaba pasar.
Aku mandhek ing salah sijine bakul pecel. Durung pati sepuh, ananging isih katon ayu. Pesen pecel turi lawuh ndhog lan tempe bacem mesthi enak. Pecel uga dadi dhaharan karemenane swargi Ibu. Nalika cilik, sawise saka greja ing dina Minggu, Ibu mesthi ngajak aku maem pecel ing pasar kene.
Lagi wae rong sendhokan, aku krasa ana sing aneh. Dudu pecele apa maneh lawuhe. Bakule! Bakule kuwi ibune Rudi! Dakgatekake maneh. Mesthi! Mesthi wae kuwi ibune Rudi amarga aku ora pangling andheng-andheng ing pilingane.
“Ibu Martiyah?”
Dheweke kaget. Saknalika ngematake aku sing isih nyangga wungkusan pecelku.
“Panjenengan kok pirsa kula? Panjenengan sinten?”
“Kula Wibowo, Bu. Rencange Rudi.”
Dheweke ngadek. Dakambung tangane. Bu Martiyah crita akeh. Bangkrute mbiyen marakake bojone stres banjur minggat. Omah lan kebonan ludhes kanggo nyaur utang. Rudi nganti ora tutug kuliyahe. Dheweke pilih mbiyantu ibune kanthi dodolan lukisan ing pinggir dalan. Bocah kae sanajan nakal, ananging pinter nggambar.
Dumadakan, ana pit montor mandhek. Sing numpaki rambute gondrong, ananging katon nggantheng kanthi rompi lan topi sing nutupi raine. Saka dhekik ing pipine, aku kenal yen kuwi Rudi. Dheweke nyawang aku suwe. Kaya ana tamu sing ora nate disangka-sangka. Dakrangkul kanca lawasku kuwi. Siji sing ora malih saka dheweke yaiku semangat sing mburup lan suminar saka mripate tanpa katutup rasa isin.
Latif N. Janah
Ilustrasi: Bambang Shakuntala
516 Views
0 comments